Wednesday, December 19, 2018

Contoh Pidato Bahasa Jawa Untuk Acara Yasinan

Assalamualaikum. Wr. Wb.
Alhamdulillah alhamdulillahi robbil alamin washolatu wassalam asrofil ambiyai wal mursalin. Sayyidina wa maulana Muhammadin wa a’ala alihi washohbihi aj’main. Amma ba’du.

Ibu-ibu jama’ah yasinan ingkang kawulo hormati, soho ingkang di mulya aken ALLAH SWT.

Sak derengipun kito maos yasin dalasan tahlil sakcekapipun monggo kito tansah muji syukur dumateng ngarsanipun ALLAH SWT ingkang sampun paring kenikmatan dumateng kito sedoyo, saenggo kito saget kempal wonten ndalemipun ibu....

Kanthi wilujeng mboten wonten alangan setunggal menopo. Aamiin.
Nikmat ingkang lumeber dumateng kito puniko kenikmatan iman Islam soho kasarasan. Monggo ibu-ibu kito matur syukur kanthi waosan Hamdalah sareng-sareng . Alhamdulillah...

Lan mboten kesupen sholawat meniko dipun aturaken dumateng junjungan Nabi Muhammad SAW, ingkang kito ajeng-ajeng syafa’atipun wonten ing yaumil akhir. Aamiin..

Waosan yasin dalasan tahlil puniko kakentunaken dumateng arwahipun almarhum/almarhumah/leluhur/ahli kubur bapak/ibu...... ingkang sampun katimbalan sowan wonten ngarsanipun ALLAH SWT , mugi-mugi dipun tampi amal kesaenipun dipun akeni umate Nabi Muhammad SAW lan dipun lenggahaken wonten sorganipun ALLAH SWT lan ugi lumeber dumateng kito ingkang taseh gesang mugi-mugi dipun paringi kasarasan, kawilujengan ugi katetepan iman kalian Islam. Aamiin...

Ing sarehneng sampun cekap kawulo minongko wakil saking ibu-ibu kepareng nyuwun pamit lan Matur nuwun sanget pasugatanipun, lan mugi-mugi dados amal saenipun ibu ....... sekeluarga. Mbok bilih wonten kalepatan ugi kekirangan anggenipun waosan yasin dalasan tahlil kulo minongko wakil saking ibu-ibu nyuwun agunging samudro pangaksami.

Wassalamualaikum. Wr. Wb.

No comments:

Post a Comment