Friday, September 21, 2018

Biografi Teuku Umar Dalam Bahasa Jawa

Teuku Umar.jpg



Teuku Umar lair ing Meulaboh, Aceh  1854 lan seda ing Meulaboh tanggal 11 Februari 1899. Teuku Umar iku pahlawan saka Aceh sing beruang nggawe cara api-api karo Londo lan kondhang karo strategine perang gerilya. Dheweke iku nglawan pas uwis nglumpukne senjata lan dhuwit sing akeh. Teuku Umar iku anake wong Uleebalang saka rabine Teuku Ahmad Mahmud lan adek wadone Raja Meulaboh. Umar nduweni dulur loro wadon lan telu lanang-lanang. Mbahyute Umar yaiku Datuk Makhdum Sati saka Minangkabau. Teuku Umar awit cilik’ane kondhang bocah sing pinter, wani, lan kadang seneng tarung karo koncone. Liyane iku Umar nduweni sifat keras kepala lan pantang mundur pas ngadepi sakabehane perkara. Teuku Umar ora pernah oleh pendidikan formal nanging Umar dheweke isa dadi pemimpin sing kuwat, pinter, lan wani.Wektu Perang Aceh taun 1873 Teuku Umar melu dadi pejuang ing perang bebarengan karo pejuang liyane, wektu iku umure 19 taun. Awalane dheweke dadi pejuang ing Desone dhewe, banjur ngunu diterusake ing Aceh Barat. Ing umur sing ijek enom iki Teuku Umar wis diangkat dadi  Keuchik Gampong (Kepala Desa) ing daerah Daya Meulaboh. Wektu umur 20 taun, Teuku Umar rabi karo Nyak Sofiah, bocah Uleebalang Glumpang. Kanggo Ningkatne derajate dheweke, Teuku Umar rabi maneh karo Nyak Malighai, anake Panglima Sagi XXV Mukim. Wektu  taun 1880,  Teuku Umar ngrabi rondo Cut Nyak Dhien, anake jenenge Teuku Nanta Setia.. Bojone Cut Nyak Dhien yaiku Teuku Ibrahim Lamnga seda Juni 1878 pas perang nglawan Londo ing Gle Tarun. Amerga iku Teuku Umar lan Cut Nyak Dhien kerjasama kanggo nyerang Londo.Banjur ngunu Teuku Umar nggoleki strategi kanggo ngolehne senjatane saka Londo. Akhire, Teuku Umar api-api dadi antek-antek’e Londo. Londo damai karo pasukane Teuku Umar taun 1883.Gubernur Van Teijn pas wektu iku kepingin ngemanfaatne Teuku Umar kanggo ngrebut atine rakyat Aceh. Teuku Umar banjur ngunu kelebu ing dinas militer.
Pas nggandeng karo Londo, Teuku Umar nguasai pos-pos pertahanan Aceh, iku dilakoni Teuku Umar karo cara api-api kanggo ngapusi Londo amrih Teuku Umar diwenehi peran sing luwih gedi. Taktik iku kasil, didadekne kompensasi kanggo kasile taktike iku, panjaluke Teuku Umar kanggo nambah 17 wong panglima, 20 wong prajurit, lan Pang Laot (Panglima Laut) dadi asta tengenne, disetujoni. Februari 1899, Jenderal Van Heutsz oleh laporan saka mata-mata ngenani tekane Teuku Umar ing Meulaboh, lan ngepasne pasukan sing kuwat ing perbatasan Meulaboh Malem 11 Februari 1899 Teuku Umar bebarengan karo pasukane teka ing pinggiran kutha Meulaboh. Pasukan Aceh kaget pas pasukan Van Heutsz nyegat. Posisi pasukan Umar ora siap lan ora isa mundhur. Siji-sijine dalan kanggo nyelametne pasukane yaiku perang. Ing perang iku Teuku Umar seda amerga kenek peluru ing dhadhane.

Mayite dikubur ing Masjid Kampung Mugo ing Kali Meulaboh. Krungu kabar kepaten bojone, Cut Nyak Dhien nelangsa nanging perjuangane ora mandhek ngunu wae. Malah krungu kabar iku Cut Nyak Dhien nduweni tekad kanggo nerusake perjuangan rakyat Aceh nglawan Londo. Dheweke milih  dadi pimpinan pejuang Aceh.


Kanggo ngenang pengabdian lan perjuangane Teuku Umar diwenehi gelar Pahlawan Nasional. Jeneng Teuku Umar didadekne jeneng dalan ing daerah-daerah Indonesia. Salah siji kapal perang TNI AL dijenengi KRI Teuku Umar sak liyane iku Universitas Teuku Umar ing Meulaboh. 

No comments:

Post a Comment